Prolog



Bebarengan tumeteseng embun ing wektu esuk
Ono ing deduwure sesuketan kang tansah ngatonake kasugaran
Sarto…,Clumlereteng suryo kang katon ngenguning
Ngenani kekayon lan kembang
Bebarengan kanthi luluheng atiku…
Kang tansah gemebyur kadyo ombake segoro kidul
Saben nyawang sliramu..,

Pasuryanmu kang katon mencorong 

Kadyo padange rembulan ping patbelas
Tanpo tak ngerteni…,
Opo toh sebenere…?!
Ono opo iki…?!


Jantungku gembluduk…,koyo gemluduge kawah merapi
Awakku gemeteran..,sempoyongan…,
Koyo alang-alang kadamu angin
Atiku karonto-ronto…
Duuh Gusti kang Andum Katresnan…
Opo yo koyo ngene rasane…?
Padang tan katon peteng…
Peteng katingal padang…
Hinggo lingso…,katingal turonggo…
Sorote netro…,katingal cahyaneng syurgo
Duuh Gusti kang akaryo ing lelampahan
Angantos menopo..?
Saliro kedah kaluntho-luntho…?!
Ing sak jroneng lelawangan…,
Kang babar pisan tanpo pepadang…,
Kang katingal kebek ing reribet…!
Mugi Gusti angicali…
Reribeting ati kang tansah ngrememeh…,
Kanti anggebyur tirto nirmolo…
Mugi Gusti angijabahi…
Hinggi kekarepan dedauban waged kasembadan
Oooh Yayi ari mami…,
Mas Mirah kulaka Warto..,

upoyo…,rekodoyo…,lan pandungo
Kanggo anggayuh kekarepan
Senajan tan wurung layon ing tibo mburine
Bisao ojo nganti…
Yayi…,kanggo sauntoro…,
Pun kakang pamit palastro.
Majikan Kampun Atap Angin
Majikan Kampung Atap Angin

0 komentar: